Ramawijaya utawa Ramalegawa iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama iku putrane Dewi Raga utawa Sukasalya minangka premeswarine Prabu Dasarata. Garwane Rama, putri saka negara Mantili aran Dewi Sinta,sing dimenangke nalika ana sayembara menthang langkap(gendewa) ing Mantili.
Sawise krama,Rama lan Sinta bali ing Ayodya,didherekake Laksamana.
Laksamana utawa garwa Lesmana iku adhine Rama,sing lair saka garwa asma Dewi Sumitrawati. Sedulur liyane yaiku Barata saka ibu Dewi ekayi. Satemene Ramawijaya minangka putra saka garwa prameswari sing bakal dadi ratu ngganti kalenggahane raamane . Nanging nalika Dewi Kekayi dipundhut garwa dening Dasarata duwe penyuwunan supaya putranne besuk sing dadi ratu. Dasarata janji bakal ngabulake panyuwunane. Mula nalika Dasarata wis sepuh lan areep misudha Rama minangka ratu ing Ayodya,Dewi Kekyai nahgih janji,supaya Barata sing dadi ratu. Rama katundung lunga lan nindakaken ukum buwang ing alas,kadherekake Sinta lan Laksmana. Njalari sungkawa penggalihe Dasarata lan njalari sedane.
Nalika ing alas Dhandhaka,Sinta dicidra asamuka digawa ing Alengka arep didadekake prameswarine,nanging Sinta ora gelem,tetp nuhoni dadi wanitatama,setya karo garwa. Rama dibiyantu Anoman(putrene Dewi Anjani) minangka senapati lan pamane aran Sugriwa Raja Guwa Kiskendha lan wadyabala wanara nglurung perang ing Alengka njaluk baline Sinta. Rama bisa ngalahake Dasamuka,nanging Dasamuka luput ing pati,sanajan dipanteni bola-bali yen awake isih ngambah lemah,banjur urip meneh,amarga duwe aji Pancasona. Mula nalika dipanah Rama nganggo panah Guwawijaya banjur ragane dibruki gunung dening Anoman.
Ngalengka kalah,bubrah,Sinta banjur nyawiji karo garwane lan peputa Kusa lan Lawa mapan ingh kratone ing pucuking gunung Maliawan aran negara Pancawati.
Nalika Rama pirang pitutur marang Barata sing jumeneng nata ing Ayodya lan Wibisana (adhine Rahwana) sing dadi nata ing Alengka,wujud piwulang wataking nata kang sinebut Asthabrata. Astha tegese wolu,brata tegese laku,tumindhak. Lakunung ratu kudu duwe watak wolu:
a. Kisma(lemah)
Dadi ratu kudu murah lan asih marang kawulan,kaya lemah sing tansah migunani tumrap uripe manungsa.
b. Warih(banyu)
Banyu iku tansah mili mangisor,dadi sumber panguripan,manjing ajur-ajer manut kahanan. Ratu bisa gawe ayem tenteming atine para kawula.
c. Mariuta(angin)
Angin iku ana ing ngendi wae,bisa mapan ing papan ciyut,amba, gedhe, cilik.Ratu ora mbedakake kawulane bisa momong kawula ing papan ngendi wae.
d. Akasa(langit)
Ratu bisa momot prakara apa wae kaya dene angkasa sing ora bakal kebak lan sesak kanggonan apa wae.
e. Candra(rembulan)
Ratu kudu pirang pepandhang marang kawula sing nandhang peteng (susah atine),kaya rembulane madhangi jagad ing wayah wengi.
f. Suraya(srengenge)
Makane menawa ratu kudu bisa paring dana marang para kawula,tumindhak adil ora pilih asih kaya dene srengenge sing ora mbedakake marang sapa wae sing nampa sorote minangka sumbering panguripan.
g. Dahana (geni)
Ratu kudu bisa nyingkirake/brastha angkara,kaya geni sing bakal ngobong apa wae lan bakal gawe sirnane tumindhak ala ing alam donya.
h. Kartika (lintang)
Ratu kudu kukuh lan netepi sabda,ora mencla-mencle. Sabdane kudu nganggo paugeran(aturan)Tumindake bisa kanggo patuladhan kaya lintang sing papane ora tau owah.
0 komentar:
Posting Komentar