Pages

 

Kamis, 29 November 2012

EGRANG

0 komentar
Egrang atau Jangkungan kue salah sijine dolanan sing digawe kang pring lan ditata dadi sikil karo telapakan sikil sing dadi alas ne. Dawa pring nggo sikil, tergantung kepriwe pengine dewek-dewek. Nek wong nganggo egrang,dewek ne dadi keton luwih duwur. Ora mung kaya kuwe, pas jaman tahun 80-an, egrang sok didadekna lomba, sekang balap mlayu utawa bal-bal an lan jenis dolanan sing liane. Kudu diakui, pancen nang perkembangane dolanan kiye kalah kang akeh ne dolanan modern, kaya mobil mobilan, game online, lan PS-an. Kiye sing nggawe sebagian wong, khususe bocah-bocah milih meng dolanan sing lewih modern kuwe. Cara nggawene pring sing gedene sedeng nang tangan, diketok kira-kira ukuran dawane antara 2-2,5m, terus pringe dibolongi duwure kira-kira setengah meter sekang ngisor nek didegna, terus bolongan ne disogi ketokan kayu utawa pring dawane ngepasna karo telapak sikile dewek, terus dipaku men ra ucul. Seliane kang pring, egrang utawa sing dikenal arul, sering digawe nganggo bahan liane, yakuwe kang batok kelapa sing dadi alas sikil sing diwei tali nggo cekelan tangan. Tapi egrang sing jenis kaya kie mung sipet nambah wong keton duwur. Ngati-ati yakuwe salah sijine kunci sing pas nek dolanan egrang, mergane nek ora seimbang resiko ne tiba. Dolanan kang jawa kiye, uga apik banget nggo ngelatih otot tangan lan sikil, karo nggawe keseimbangan awak.
Read more...

Ketoprak

0 komentar
Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah,ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngasorake kesenian liyane, umpamané Srandul, Emprak, lan sakliyane. Sajarah Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun sing lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur. Sateruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap. Pagelaran Kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepe masyarakat/umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane. Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sawise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan. JINIS Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakake mengkene :  Kothekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.  Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .  Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kayata kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki sing bakal dadi laire pagelaran Kethoprak.  Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).  Kethoprak Gamelan Pendhopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').  Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yaiku Kethoprak kang dipagelarake ana ing panggung kanthi carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ). Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindakake kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat. IsI CARITA Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia, tuladhane karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo. Carita klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawanan, paperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing tumindake becik, jujur bakal entuk kamenangan. Ageman para nayaga pemain dipadakake karo carita kang dipagelarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogjakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis ,umpamane Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebut "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan. Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja. Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine. PERANGKAT PANGIRING Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak. Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari . Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak. Senadyan sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil. Saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.
Read more...

Sabtu, 17 November 2012

Sekaten

0 komentar


Sekaten tumrap tiyang ing tlatah Ngayogyakarta minangka stunggaling adicara ingkang asring kapireng. Amargi saben setaun sepisan adicara menika saged dipunpanggih. Sekaten sakmenika sampun kanggep minangka salah satunggaling seni kabudayan tradisional ingkang dipunpundhi.
Miturut sejarah,sekaten boten namung satunggaling adicara panglipur nanging wonten sesambetanipun kaliyan panggesang tiyang antawisipun agami menapa dene kaliyan gesang bebrayan. Ingkang sesambetan kaliyan agami mliginipun agami islam. Sekaten ingkang kaleksana ing wulan Maulud minangka pangetan dinten tingalan Naabi Muhammad SAW. Sasampunipun kerajaan Demak minangka kerajaan Islam ing Mataram ingkang lajeng pecah dados kalih, Kasultanan Ngayogyaakarta saha Kasultanan Surakarta, adicara menika tetp dipunlestantunaken. Langkung-langkung Sunan Kalijaga  minangka satunggaling wali ingkang nyebaraken agamii Islam lajeng ngginakaken gamelan kangge narik kawiigatosaning warga.
Gamelan kadamel dening Sunan Giri ingkang kasebat Kanjeng Kyai Nagawilaga lan Kanjeng Kyai Guntur Madu, menika kangge ngiringi gendhing-gendhing ingkang cinipta dening pawa wali kalebet Sunan Kalijaga. Ing kalodhangan menika saben tiyang ingkang niyat kepengin ngrasuk agami islam kedhah maos kalih ukara syahadat ingkang katelah Syahadatain. Lajeng kathah tiyang anggenipun pangucap dados syakatain saengga dumugi sakmenika katelah tembung sekaten.
Ingkang sesambetan kaliyan gesang bebrayan,adicara sekaten menika nedahaken celakipun panguwasa kaliyan kawula,antawisipun Ngarsa Dalem Kanjeng Sultan minangka Raja ing Kraton Ngayogyakarta kaliyan kawulanipun. Maniwi kita tinggali adicara sekaten menika saged kapilih dados tigang prekawwis.
Sepisan, medalipun gamelan Kanjeng Kyai  Nagawilaga lan Kanjeng Kyai Guntur Madu saking papan panyimpenan bagsal Sri  Manganti tumuju ing bangsal Ponconiti,lajeng kapindhahaken ing pelataran Masjid Agung Ngayogyakarta kanthi kairing dening para abdi dalem saha para punggawa kraton. Ungeling gamelan ing peranganing sekaten mujudaken manawi ing upacara tradhisional ngemu seni tradhisi ingkang adiluhung.
Kalih,pengetan dinteng tingalan Nabi Muhammadd SAW kanthi ngaturaken riwayat Nabi wonten ing Masjid Agung Ngayogyakarta.
Tiga, Ngarsa Damel Kanjeng Sultan paring sedeekah/shodaqoh dhateng kawulanipun kanthi ngendalaken gunungan ingkang kadamel saking sedaya asil bumi wonten salebetipun gunungan menika dipunrebutaken para warga.
Rumiyin tiyang ingkang tetanen gadhah kapitadosan menawi saged pikantuk ubarampe gunaungan menika saged dados berk ahing anggenipun tetanen,yen dhahar suruh utawi nginang ing pelataran Masjid Agung ndadosaken tambahing umur utawi yuswa panjang,yen tiyang ingkang mundhut cemeti utawa cambuk,nggadhahi sesanti saged nambah semangat anggenipun nglampahi gesang.
Sedaya menika kasumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak amargi kandhelipun iman tiyang setunggal lan sanesipun menika boten sami.
Mekaripun jaman, pengetan seekaten menika lajeng pinanggih adicara ingkang nyengkuyung,kados wontenipun pasar malem perayaan sekaten ingkang dangunipun 39 dinten kaleksana mapan ing Alun-alun Ler Kraton Ngayogyakarta. Tiyang-tiyang ingkang sami merlokaken wekdal kangge ningali sekaten  boten namung saking warga salebeting kitha Ngayogyakarta ananging ugi saking kukuban sakiwa tegesipun kepara malah sking sanjawining kitha.

Read more...

RAMAWIJAYA

0 komentar


Ramawijaya utawa Ramalegawa iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama iku putrane Dewi Raga utawa Sukasalya minangka premeswarine Prabu Dasarata. Garwane Rama, putri saka negara Mantili aran Dewi Sinta,sing dimenangke nalika ana sayembara menthang langkap(gendewa) ing Mantili.
Sawise krama,Rama lan Sinta bali ing Ayodya,didherekake Laksamana.
Laksamana utawa garwa Lesmana iku adhine Rama,sing lair saka garwa asma Dewi Sumitrawati. Sedulur liyane yaiku Barata saka ibu Dewi ekayi. Satemene Ramawijaya minangka putra saka garwa prameswari sing bakal dadi ratu ngganti kalenggahane raamane . Nanging nalika Dewi Kekayi dipundhut garwa dening Dasarata duwe penyuwunan supaya putranne besuk sing dadi ratu. Dasarata janji bakal ngabulake panyuwunane. Mula nalika Dasarata wis sepuh lan areep misudha Rama minangka ratu ing Ayodya,Dewi Kekyai nahgih janji,supaya Barata sing dadi ratu. Rama katundung lunga lan nindakaken ukum buwang ing alas,kadherekake Sinta lan Laksmana. Njalari sungkawa penggalihe Dasarata lan njalari sedane.
Nalika ing alas Dhandhaka,Sinta dicidra asamuka digawa ing Alengka arep didadekake prameswarine,nanging Sinta ora gelem,tetp nuhoni dadi wanitatama,setya karo  garwa. Rama dibiyantu Anoman(putrene Dewi Anjani) minangka senapati lan pamane aran Sugriwa Raja Guwa Kiskendha lan wadyabala wanara nglurung perang ing Alengka njaluk baline Sinta. Rama bisa ngalahake Dasamuka,nanging Dasamuka luput ing pati,sanajan dipanteni bola-bali yen awake isih ngambah lemah,banjur urip meneh,amarga duwe aji Pancasona. Mula nalika dipanah Rama nganggo panah Guwawijaya banjur ragane dibruki gunung dening Anoman.
Ngalengka kalah,bubrah,Sinta banjur nyawiji karo garwane lan peputa Kusa lan Lawa mapan ingh kratone ing pucuking gunung Maliawan aran negara Pancawati.
Nalika Rama pirang pitutur marang Barata sing jumeneng nata ing Ayodya lan Wibisana (adhine Rahwana) sing dadi nata ing Alengka,wujud piwulang wataking nata kang sinebut Asthabrata. Astha tegese wolu,brata tegese laku,tumindhak. Lakunung ratu kudu duwe watak wolu:
a. Kisma(lemah)
Dadi ratu kudu murah lan asih marang kawulan,kaya lemah sing tansah migunani tumrap uripe manungsa.

b. Warih(banyu)
Banyu iku tansah mili mangisor,dadi sumber panguripan,manjing ajur-ajer manut kahanan. Ratu bisa gawe ayem  tenteming atine para kawula.
c. Mariuta(angin)
Angin iku ana ing ngendi wae,bisa mapan ing papan ciyut,amba, gedhe, cilik.Ratu ora mbedakake kawulane bisa momong kawula ing papan ngendi wae.
d. Akasa(langit)
Ratu bisa momot prakara apa wae kaya dene angkasa sing ora bakal kebak lan sesak kanggonan apa wae.

e. Candra(rembulan)
Ratu kudu pirang pepandhang marang kawula sing nandhang peteng (susah atine),kaya rembulane madhangi jagad ing wayah wengi.
f. Suraya(srengenge)
Makane menawa ratu kudu bisa paring dana marang para kawula,tumindhak adil ora pilih asih kaya dene srengenge sing ora mbedakake marang sapa wae sing nampa sorote minangka sumbering panguripan.
g. Dahana (geni)
Ratu kudu bisa nyingkirake/brastha angkara,kaya geni sing bakal ngobong apa wae lan bakal gawe sirnane tumindhak ala ing alam donya.
h. Kartika (lintang)
Ratu kudu kukuh lan netepi sabda,ora mencla-mencle. Sabdane kudu nganggo paugeran(aturan)Tumindake bisa kanggo patuladhan kaya lintang sing papane ora tau owah.

Read more...

Jatilan

1 komentar


Jathilan iku tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa panariné migunaaké jaran képang. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing mendem. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik gamelan  kayata: kendhang , saron lan gong. Jeneng tarian iki béda-béda ing sawetara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawetara panggonan ing Jawa Tengah diarani 'jaran képang'. Tarian jathilan iki bisa madeg dhéwé lan bisa uga arupa gabungan karo tarian liya kayadéné réyoglan barongan. Sadurungé tarian iki biasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan arupa: kendhang, bendhé lan kecer, sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti ngancik trance (kaya kesurupan)

Read more...

Semar

0 komentar


Semar iku putrane Sang Hyang Wenang lan Dewi Wiranti. Sedulur Semar ana loro yaiku Sang Hyang Antaga(togog) lan Sang Hyang Manikmaya(Bathara Guru). Sedulur telu iku dumadi saka cahaya putih kaya dene endhog. Kulite dadi Antaga,putihe dadi Ismaya (Semar). Kuninge dadi manggon ing kahyangan kanthi asma Sang Hyang Ismaya.
Sesebutane Semar liyane Ki Lurah Badranaya,Nayantaka janggan Asmarasanta,Bogajati,Boga Sampir sing mapan ing Karang Kedhempel. Sadurunge dadi Semar,wujud Bathara Ismaya bagus rupane lan mapan ing kahyangan. Sawise dadi Semar,wujude cendhek,mblendung wetenge lan rembes mripate.
Sedulur telu yaiku Antaga,Ismaya lan Manikmaya melu sayembara. Sapa bisa ngulu jagad bakaldadi ratuning kahyangan. Sepisananan Ataga nyoba,ora bisa,malah suwek lambene banjur salin wujud dadi Togog sing amba lambene.Semar bisa ngulu jagad,nanging ora iso ngetokake mula wetenge dadi gedhe. Sing bisa mung Manikmaya,mula Banjur diangkat dadi ratuning Dewa ing kahyangan kanthi sebutan Bathara Guru.
Dening Sang Hyang wenang, Ismaya kadhawuhan  mudhun ing Ngarcapada,donyaning manungsa dadi pamomongane satriya,kalebu leluhure Pandhawa saanak turune. Semar duwe anak telu yaiku Gareng,Petruk,lan Bagong. Wong papat,banjur diarani Panakawan utawa Punakawan(Pana: ngerti, Kawan :kanca). Semar tansah paring wewarah marang bendara sing algi susah atine. Negara sing kena pageblug,katekan Semar dadi tentrem ayem lan mulya. Tumrap para satriya Pandhawa, Semar dianggep pepundhene,bisa ngerti sadurunge prakara dumadi ana ing donya.
Sanajan ala wujude, Semar luhur bebudene,tata kramane ganep,sabar,ora tau nesu,tresna asih marang sapadhane lan wicaksana. Yen Semar nesu ora ana dewa utawa manungsa sing bisa nandingi kajaba Sang Hyang Wenang.


Read more...
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...